Dahon ngeterno aku neng Jembatan tuo jenenge Jembatan Petekan seng dibangun londo sekitar taun 1900. Arsitektur seng gawe jembatan iki yo iku pak.lik NV Braat and Co seng dirancang gawe liwatane kapal seng onok neng kalimas. Jembatan iki iso mungga mudun lek dipencet petekane. Pas jamane londo jembatan iki jenenge Ophaalbrug Petekan. Jarene jembatan seng mirip koyok iki yo sek onok sampek saiki neng kota Leiden negoro belanda kono. Bedone seng nang kono terawat lek seng nang kene njetat gak karuan.

Dahon Ngeterno aku nggowes neng jl.Pandean gang.4 menuju omah kelahirane pak.Soekarno RI.1 omahe biasa tp lawas model omah londo. Kate mlebu tp lawange kancingan. Terus neng ngarepe omahe onok langgar, seng pastine langgar iku dadi saksi bisu nek biyen pak.Soekarno lahir neng Pandean Suroboyo. Nah, unike maneh neng tengah2 dalan kampung kunu onok kuburane, dadi kuburane iku mangan dalan kampung Pandean gg.4. Jarene wong sesepuh kunu iku kuburane Mbah Buyut.Tambiya sak garwone.

Dahon ngeterno aku gontai2 (melu istilahe om yusuf) neng jl.Urip Sumoharjo, neng kawasan iki onok bangunan bersejarah yo iku Hotel Olympic seng wes dadi cagar budaya seng onok neng kota Suroboyo. Sakjane kepingin seh turu neng kunu, tp koyok'e sek enak'an turu nang omahe dewe.

Dahon ngeterno aku nang ndaleme pak.lek Wage Rudolf Soepratman pencipta lagu Indonesia Raya. Kondisine isek utuh Alhamdulillah kudu diramut seng apik, ojo sampek didadekno minimarket.

Dahon ngeterno aku neng Siola. Siola iki
menerut mbah.goggle dibangun oleh Robert Laidlaw pada tahun 1877. Mbiyen
waktu cilik'anku kiro2 tahun 1990 siola iku mesti ruame gak tau sepi.
Sering diadakno pasar malem nang jl.Tunjungan tepate neng jalan raya
ngarepe siola. Nek menurut sejarah Surabaya, Toko Siola biyen jenenge
"Whiteaway" dicekel oleh pebisnis teko inggris. Sejak awal pancen siola
iku digawe dodolan barang2 hi-class, sampek disebut toko sembarang kalir
ono. Terus tahun 1940 jenenge diganti Toko "Chiyoda" digawe dodolan
barang2 impor teko negeri Sakura. Soale dicekel wong jepang. pas dalam
masa mempertahankan kemerdekaan, Gedung Siola iki dadi jujukane para
pejuang dengan senjata sak onok'e. Konon, jeneng Siola iku dijokok teko
singkatan nama kongsi seng nduwe, yo iku: Soemitro, Ing, Ong, Liem, Ang.

Dahon ngeterno aku nang jembatan suromedu, tibakno ileng lek neng daerah Tambakwedi kunu onok gudang peluru seng mbiyen dibangun londo gawe nyerang jepang seng kape teko nang Suroboyo via laut. Lokasi gudang peluru iki neng pinggir pantai, wit-witane iseh rimbun sek akeh semak belukar. Bangunan iki onok seng ngarani Gudang Peluru, terus onok seng ngarani Benteng Kedung Cowek. Tp lokasi tepate berada di jl.Tambakwedi cedek'e Jembatan Suramadu.

Dahon ngeterno aku nang jl.Peneleh maneh. Soale onok omah bersejarah yo iku ndaleme Haji Oemar Said Tjokroaminoto pemimpin Sarikat Islam. Neng gon ikilah kader-kader pejuang bangsa digembleng, salah sijine sopo maneh nek gak Bung.Karno. Ndaleme Bung.Karno nang ndaleme HOS Tjokroaminoto jarak'e mek 1kilo. Ngarepe ndaleme pak.Hos onok toko buku kuno jenenge Toko Buku Peneleh, sampek saiki tokone iseh bakulan, akeh foto2ne para pejuang nang njerone. Nah unik'e nang gang iki yo onok kuburan seng ndandangi dalan seng koyok nang gang'e Bung.Karno, iku kuburane mbah.Pajang sesepuh peneleh. Suroboyo pancen jujukane para pejuang.

Dahon ngeterno aku di Jl.Simpang Lonceng, itu nama dulu, lalu diganti
Jl.Kaliasin, dan sekarang diganti lagi Jl.Basuki Rahmad. Tapi nama
jl.simpang lonceng pastine masih menyimpan sejarah. Mbiyen di jalan ini
terdapat monumen Simpang Lonceng seng dibangun oleh Belanda.
Gedung-gedung lama yang ada di kawasan ini di antaranya adalah Apotek
Simpang yang dibangun tahun 1855, sampai detik ini apoteknya masih
beroperasi.
Kalau ini siapa yang tidak tahu. Stadion Gelora 10 November, stadion iki dibangun
tahun 1951. Iki ngono Stadion legendaris dan kebanggaane Arek-Arek
Suroboyo dan sekitarnya.

Dahon at Jembatan Merah sebuah identitas sejarah bagi Arek-arek Suroboyo dalam menentang tentara sekutu. Jembatan merah berpagar gedung-gedung kuno nan indah, salah satunya yaitu Gedung Cerutu bangunan tahun 1916.